Solahe asu: nyathek.
Solahe ayam babon: memeti lan nladhung.
Solahe ayam jago: mendel lan nladhung.
Solahe baya: nyamber lan nyarab.
Solahe bebek: mbondholi lan nyasar.
Solahe celeng: nggandhil lan nyrongot.
Solahe dara: kalangan.
Solahe gajah: lembehan tlale.
Solahe iwak: nyurut.
Solahe jaran: mbrakot lan nyepak.
Solahe kebo: nyundhang.
Solahe kidang: nggayor.
Solahe kucing: nyakar.
Solahe kutuk: milar.
Solahe lele: matil.
Solahe macan: nubruk.
Solahe manuk: nyamber.
Solahe sapi: nyepak lan nyundang.
Solahe tikus: nyanyah lan ngrikiti.
Solahe ula: nggubet, nguntal, nglungsungi lan nyembur.
Solahe wedhus: mbijik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar