Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka
asale, kang durung oleh imbuhan apa – apa, utawa tembung kang isih wungkul,
isih wantah utawa isih asli. Tembung lingga isoh digolongake wujud bebas
(bentuk bebas). Tembung lingga ana kang dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa
telung wanda (suku kata).
Tuladha :
-
Turu
-
Tangis
-
Pari
-
Pangan
-
Mustaka
-
Tulis
-
Laku
-
Caping
2.
Tembung Andhahan (Kata jadian)
Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung
andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang
wis dirimbag. Owah – owahan iku bisa awujud :
-
Wuwuhan (imbuhan)
-
Ngrangkep tembung (kata ulang)
-
Nyambor tem bung (kata majemuk)
Salah sawijini cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan,
wuwuhan iku ana telu yaiku : ater - ater (awalan),seselan (sisipan),lan
panambang.
a.
Ater - Ater
Tembung andhahan amarga oleh ater – ater umpamane :
Nyilih : ny- + silih
Mlaku : m- + laku
Diwaca : di- + waca
Kesandhung : ke- + sandhung
Dakjupuk : dak- + jupuk
b.
Seselan
Tembung andhahan amarga seselan umpamane :
Gumuyu : um + guyu
Tinulis : in + tulis
Kerelip : er + kelip
c.
Panambang
Tembung andhahan amarga oleh panambang umpamane :
Telatan : telat + -an
Awake : awak + -e
Bukuku : buku + -ku
Tulisen : tulis + -en
d.
Wuwuhan Gaabung
Tembung andhahan amarga oleh wuwuhan gabung umpamane :
Digawakake : di- + gawa -ake
Njupaki : n- + jupuk -i
Nilisaka
: n- -ake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar