1. Para mudha-mudhi Desa Kedungrandu dina Minggu wingi nganakaken kerjabakti bebersih dalan desa.
2. Dewa-Dewi sekang Kahyangan Suralaya padha ngrawuhi pawiwahan supitane Raden Gatotkaca.
Tuladha ukara neng dhuwur menawa digatekaken kanthi premeti ana tembung-tembung sing kacetak miring, yakuwe tembung mudha-mudhi lan Dewa-Dewi. Apa bedhane tembung-tembung mau?
Iya, bedhane ana neng bagian wanda sing mburi yakuwe nganggo a lan i. Apa tembung mau dhuweni arti sing padha?
Bener banget, senajan pangucapan lan panulisane meh padha nanging dhuweni teges sing beda.
Tembung Yogyaswara yakuwe tembung loro sing meh padha pangucapane lan uga panulisane, mung beda wanda wekasan nganggo a lan i sing tegese lanang lan wadon.
Jajal siki goletena tuladha tembung-tembung yogyaswara liyane!
Tembung bethara-bethari, siswa-siswi, kedhana-kedhini, putra-putri, mahasiswa-mahasiswi lan liya-liyane kalebu tuladha tembung yogyswara.
Tembung suprapta-suprapti, karna-karni, apa bisa digolongaken tembung yogyaswara? Bola-bali, wara-wiri, kaki-nini, bapak-ibu apa uga kalebu tembung yogyaswara?
Bener banget, tembung-tembung neng dhuwur ora bisa digolongaken maring tembung yogyaswara amarga tembung yogyaswara kuwe ora mung dideleng sekang tulisan lan pangecapane thok, nanging tegese uga kudu lanang lan wadon.
Tembung  suprapta-suprapti, karna-karni ora kalebu tembung yogyaswara amarga aran bocah ora kalebu maring tembung yogyaswara senajan tegese  lanang lan wadon. Tembung bola-bali, wara-wiri uga ora kalebu tembung yogyaswara, senajan pangecapane lan panulisane meh padha nanging tegese dudu lanang lan wadon. Semana uga tembung kaki-nini, bapak-ibu senajan tegese lanang lan wadon nanging panulisan lan pangucapane bedha utawa ora mirip, mula ora bisa digolongaken tembung yogyaswara.
Lha kuwe mau sethithik urun rembug babagan tembung yogyaswara, moga-moga ana mupangate.