Senin, 16 November 2015

Urutane Turunan

Urut-Urutane Turunan, Peprenahe Kaluwarga, lan Arane Bocah

I.                   Urut-Urutane Turunan
Ing pranatan bebrayan Jawa pancen ana arane urut-urutane turunan. Dene urut-urutane mudhun kawiwitan saka bapak utawa ibu.
Nanging bisa munggah kawiwitan saka anak.
Ngisor iki gatekna!





II.               Peprenahe Kaluwarga
Kanggo nyebut peprenahan kaluwarga ing bebrayan Jawa ana arane dhewe-dhewe.
Ngisor iki gatekna!
Anak angkat yaiku anak pek-pekan.
Anak kuwalon yaiku naak gawane bojo.
Anak mantu yaiku bojone nak.
Bapak kuwalon yaiku dudu bapake dhewe.
Bapak/ibu angkat yaiku wong liya (lanang/wadon) sing ngakoni anak.
Besan yaiku wong tuwane mantu.
Ipe yaiku sedulure bojo.
Ibu kuwalon yaiku dudu ibune dhewe.
Keponakan yaiku anake sedulur tuwa.
Maratuwa yaiku wong tuwane bojo.
Mindhowan yaiku sedulur padha utawa tunggal buyut.
Misanan yaiku sedulur padha embah, anak dulur.
Pak Lik yaiku adhike bapak/ibu.
Putu yaiku anake anak.
Putu keponakan yaiku anak keponakan.
Pripean yaiku sedulur ipe kakang utawa adhi ipe, sesambungan paseduluran saka mantu lan mantu.
Sedulur yaiku anak tunggal bapak/ibu, tunggal sing nurunake.
Sedulur kuwalon yaiku sedulur tunggal ibu seje bapak utawa tunggal bapak seje ibu.
Tunggal banyu yaiku sedulur padha guru.
Tunggal welat yaiku sedulur tunggal bak/ibu.
Uwa, pakdhe, pakpuh yaiku kangmase bapak/ibu.
Uwa, budhe, bupuh yaiku mbakyune bapak/ibu.
III.                 Arane Bocah
Basa jawa mbedakake arane bocah miturut lanang/wadon, cacahe lan wancini kalairane.
Anggana : anak pirang-pirang sing urip mung siji.
Bocah bungkus : anak nalika lair kabuntel kendhangan.
Cukil dilit : anak telu lanang kabeh.
Cemani    : bocah kang pakulitane ireng.
Dhampit  : anak loro lanang wadon laire bareng.
Gendhong          : anak pirang-pirang sing tengah wadon.
Gilir kacang        : anak akeh giliran lanang wadon
Grandhel            : anak lanang pirang-pirang ning sing waruja wadon utawa walike.
Gondhang kasih           : anak loro seje pakulitane, anak sing ireng/putih
Gotong mayit    : anak telu wadon kabeh.
Ipit-ipit                : anak lima lanange mung siji.
Jempira               : anak sing lair durung waktune (7 wulan).
Julung caplok    : bocah lair mbarengi srengenge angslup.
Julung kembang: bocah lair mbarengi pletheke srengenge.
Julung sarap      : bocah lair barengi srengenge surup.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar