Kamis, 12 November 2015

Layang Bahasa Jawa

Gerbangilmu hari ini memberikan sebuah materi bahasa jawa yaitu surat. Di dalam bahasa jawa surat diartikan sebagai Layang (bukan layang layang). sama seperti lainya, surat di bagi menjadi berbagai jenis, ada surat pribadi, resmi, surat untuk pernikahan, surat khitanan dan lainya. Dalam bahasa jawa nama dari jenis surat itu pastinya berbeda dengan Bahasa indonesia, seperti layang kitir, paturan, dan lainya.


Macem Macem Layang (surat) - Bahasa Jawa
Ilustrasi


Di artikel ini kami akan menjelaskan satu persatu dari Layang atau surat pelajaran bahasa jawa. Berikut adalah artikel yang kami berikan dengan judul "Macem Macem Layang (surat) - Bahasa Jawa".

Baca Juga : Contoh-cangkriman-bahasa-jawa

Macem Macem Layang (surat) - Bahasa Jawa

Layang iku salah sijine alat utawa piranti kanggo ngungkapake kekarepan ati kanthi cara ditulis. Nalika arep nulis layang bab bab wigati sing kudu digatekake yaiku :
  1. Panulisane jeneng kang dituju kudune genep. yen perlu katulis lengkap pangkat / Kalungguhane.
  2. Panulisane alamat/papan sing arep dikirim kudu cetha an jangkep. (Prayogane ditulis uga kode pose)

Wujude Layang :

Miturut wujude layang iku ana 6 yaiku :
  1. Layang kitir
  2. Layang Paturan
  3. Layang dhawuh
  4. layang lelayu
  5. Layang kiriman ganep/ iber iber
  6. layang ulem.

Penjelasane 

Layang Kitir

Layang kitir isine cekak/ringkes lan ditulis ing dluwang lan kudu ditengeri. Layang iki kaya dene memorandem (kanggo pangeling eling). Layang iki katulis ana ing dluwang bisa awujud embaran kertas cilik. Layang kitir iki ora merlokaku purwaka basa lan wasana basa, dadi mung isi wae. Isine kang wigati dadi mbutuhake wektu kang cepet dikirim lan ditampa. layang kitir iki bisa tanpa amplop (mbukak) utawa nganggo amplop (nutup). Tuladhane layang kitir yaiku : note, resep dokter, lan liyan liyane.

Layang Paturan

Yaiku layang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang lan isine kudu dingerteni wong akeh.

Layang dhawuh

Layang kang isine dhawuhe dhuwuran marang andhahane (saka wong sing dhuwur pangkate marang ngisorane).

Layang Lelayu

Yaiku layang kang isine menehi kabar lesusahan utawa layange wong sing ngabari kepaten/ kasripahan.

Layang kiriman ganep / Iber iber

yaiku layang kang isine ganep orang mung mligi sawijine bab, naging jangkep (wiwit daka pembukaan,isi, panutup lan paprenah) isine uga nerangake werna werna ya bab kahanane,suka sukane, kesarasan, lan liyan liane.

Layang ulem

Yaiku layang kang isine undhangan pawongan kang lagi arep duwe gawe (mantu, sunathan, lan liya liyane).
Jenise Layang Pengertiane :
Kitir Layang sing digawe dene memorandem (kanggo pangeling eling).
Paturan layang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang
Dhawuh Layangkang isine dhawuhe dhuwuran marang andhahane
lelayu layang kang isine menehi kabar lesusahan 
Iber iber layang kang isine ganep orang mung mligi sawijine bab, naging jangkep
Ulem layang kang isine undhangan pawongan kang lagi arep duwe gawe 



Sekian terimakasih artikel dari kami dengan judul "Macem Macem Layang (surat) - Bahasa Jawa" semoga artikel yang kami berikan ni bermanfaat bagi anda dan semuanya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar