Rabu, 04 November 2015

Drama Bahasa Jawa

Naskah Drama dalam Bahasa Jawa Bertema "Persahabatan dan Percintaan"

Babak 1
            Isuk iku, Kinar lan Thalita lagi lungguh ing njeroning kelas. Dereng wonten murid sing teko sakliyane wong loro kuwi.
Thalita : “Nar, pelajaran dino iki ono pr nggak ?”
Maudy : “Sek, tak delok e disek.” (Langsung njupuk buku ing tas.e) “Kayak e se ora ono.”
                  Naura melbu ing njroning kelas.
Naura : “Assalamualaikum.” (Salam Naura ing ngarepe lawang kelas)
Thalita lan Kinar : “Waalaikumssalam.”
Naura : “Kalian lapo rek ?”
Thalita : “Enggak, gak lapo-lapo kok.”
            Naura langsung lungguh ing ngarepe bangkune Thalita lan Kinar.
Thalita : “Ra, dino iki ora ono PR utowo ulangan kan ?”
Naura : “Sek sek,” (Ambek mikir-mikir) “Ono ! dino iki ulangan IPA !”
            Naura langsung ngetokake buku catetan IPA sing ono ing njero tas e lan langsung sibuk moco catetane. Rodok suwe, Naufal melbu ing njroning kelas.
Naura : (Ngguyu-ngguyu dewe ndelok Naufal melbu)
Thalita : “Fal, engkok awakmu konsultasi tugas BI a ?”
Naufal : (lungguh ing panggonane) “Iyo, opo o i ?”
Thalita : “Nggak, nggak po po kok. Mek takon tok.”
Maudy : “Fal, sing wingi iku temenan a ?” (Pitakon Maudy kaleh ngekek i kode marang Naufal)
Naufal : “Nggak usah ndek anggep serius masalah wingi iku, aku mek guyon tok kok.”
            Lalu, Erick melbu ing kelas, lan langsung lungguh ing panggonane.
Erick : “Maudy, ono sesuatu sing kate tak kekno nang awakmu.”
Thalita : “Kate ngekek i opo awakmu ?”
Erick : “Aku nggak bicara sama kamu, pingin eroh ae. Maudy ae biasa.”
Maudy : “Emang kate ngekek i opo se ?”
Erick : “Engkok ae.”
            Ing tengah-tengah pelajaran, Erick maringaken buku pelajarane marang Maudy.
Thalita : “Opo iku Dy ?” (Ngintip bukune Erick)
Maudy : “Coklat maneh ??” (Maudy ngomong alon)
Thalita : “Maneh ? arek iku pingin awakmu gendut paling, kok ngekek i coklat terus hehe.”
Maudy : “Iyo paling, hehe.”
Babak 2
            Pas wektune wangsul sekolah, Thalita, Maudy, lan Diaz lungguhan ing tangga lan ngerjakake tugas BI.
Thalita : “Dy, awake dewe sido dolen nandi ?”
Maudy : “Nggak Ngerti, aku melok Adam ae. Nyacak Takok o Adam.”
Thalita : “Oke.” (Langsung ngalih nang panggonane Adam)
Diaz : “Emange awakmu kate nandi se rek ?”
Maudy : “Kate dolen. Ayo melok a yaz ?”
Diaz : “Enggak wes, males i aku.”
Maudy : “Yowes lek ngono.”
Diaz  : “Dy, aku mulih dikek yo. Tugas e garek mek titik.” (Langsung ngalih) “Dah Maudy.”
Maudy : (Melambai nang Diaz)
Babak 3
            Naura, tiba-tiba mlayu ngampiri Maudy.
Naura : “Dy, delok en talah. Kaet maeng erick narik-narik tasku terus.” (Wajah cemberut)
Maudy : “Erick !!” (Mendeliki Erick)
            Thalita mlayu nang  Maudy lan Naura.
Naura : “Ono opo Tha ?”
Thalita : “Uwes, ayo budal. Jare adam awake dewe nonton nang matos.”
Maudy : “Yowes, ayo budal.”
            Ing njeroning angkot perjalanan nang matos. Thalita mbisiki Maudy.
Thalita : “He, tak kandani. Awakmu engkok ojo terlalu cedek-cedek karo Erick.”
Maudy : “iyo, aku yo gak kepingin terlalu cedek karo areke.”
            Ing njeroning bioskop, Erick lan Maudy terus cekel-cekelan tangan. Thalita dadi pegel, tibakno Maudy ora ngrungokake opo sing diomongno maeng.
Thalita : “Dy, yokpo lek ojo gandengan tangan terus?”
Maudy : “Uwes tak cobak ngeculno tha, tapi tetep ae areke gak gelem ngeculno.”
Thalita : “Yo nggawe  alasan njupuk ngombe tah yokpo ngono cek iso ngeculno.”
            Akhire Maudy ngeculake tangane Erick.
Erick : “Lho, opo.o kok diculno ?”
Maudy : “Gak popo o kok.”
Erick : “Yoweslah gak popo lek ancen awakmu kepingine ngono.”
            Film wes entek, bocah-bocah kumaeng podo mulih.
Babak 4
            Isuk.e, kayak biasane. Murid-murid pada pelajaran. Ing sela-selane pelajaran, guru mbagikake hasil try out. Sawise ndeleng hasil try out, Maudy kaget amarga nilaine Erick mudun. Maudypun mboten ngreken Erick.
Erick : “Maudy....”
Maudy : “Hmmm...”
Erick : “awakmu opo.o ? diceluki kok gak ngreken ngunu.”
Maudy : “Gak popo, biasa ae.”
            Amarga bingung ambek sikape Maudy. Erick nakokake masalah kuwi marang Naura.
Erick : “Naura, aku oleh takon a ?”
Naura : “Iyo, takon opo ?”
Erick : “Koro-kiro Maudy iku  opo.o yo ? akhir-akhir iki sikape aneh nang aku. ”
Naura : “Mungkin gara-gara awakmu nglakokno hal sing nggarai areke mangkel utowo opo ngono, aku kan nggak begitu eroh.”
Erick : “Koyok.e se sak elengku aku nggak nglakokno hal sing nggarai areke mangkel.”
Naura : “Yo cobak takono nang konco cedek.e.”
Erick : “Iyo tak cobak.e”
            Sawise kejadian maeng, Erick takon nang Diaz.
Erick : “Diaz, Maudy opo o se, koyok e lagi ndue masalah”
Diaz : “Guduke lagi ndue masalah, lek menurutku se koyok e Maudy mangkel nang awakmu gara-gara nilai Try Out mu mudun.”
Erick : “O iyo, bisa jadi.”
Babak 5
            Amarga sikap Maudy sing cuek, akhir-akhir iki Erick sering cerita ambek Naura. Ndelok kecedekane arek loro iku, Naufal ngrasakake hal sing aneh. Akhire Naufal nakokake hal iku nang Naura.
Naufal : “Naura, awakmu ono hubungan opo karo Erick ?”
Naura : “Gak ono hubungan opo-opo, aku ambek Erick iku mek koncoan tok.”
Naufal : “Yowes, kali iki aku percoyo nang awakmu”
            Amarga ngerasa tetep ragu, akhir-akhir iki Naufal sering cerita tentang Naura Nang Maudy. Naufal lan Erick saling cerita masalah pasangane dewe-dewe.
Babak 6
            Sawise saling curhat, Maudy lan Naufal sepakat gwe ngakhiri pasangane dewe-dewe. Tapi, meskipun wes putus kudu tetep dadi konco gak oleh musuhan. Ing suatu dino, Maudy ketemu kaleh Erick lan nyritakake maksude.
Maudy : “Erick, lek misal.e kita putus. Kita tetep iso dadi konco kan ?”
Erick : “Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus.”
Maudy : “Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan iki”
Erick : “Opo.o ?”
Maudy : “Aku kepingin  fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang sekolah militer ndek Magelang. Lagian, gara-gara kita pacaran nilai kita juga turun kan terutama nilai tro out mu. Dadi luwih apik kita gak pacaran dikek cek gak ngganggu pelajaran.”
Erick : “Yowes, lek ancen iku sing awakmu kepingini, aku ngerti. Mungkin iki ancen sing terbaik.”
Babak 7
            Sawise lulus tekan SMP, ke 6 sahabat iki ngumpul gawe pertemuan terakhir ambek maudy. Amarga Maudy bakal nglanjutake sekolah ing Magelang.
Thalita : “Awakmu ndek kono sing sehat yo, ojok lali karo aku.”
Kabeh : “Iyo, awakmu yo ojo lali karo awake dewe.”
Maudy : “Siap, aku gak bakalan lali karo awakmu kabeh rek”

            Akhire, mereka sadar yen belajar lan bersahabat iku luwih penting ketimbang ngurusi masalah percintaan. Lan mulai saiki ing SMA Ke 6 sahabat iku bakal konsentrasi penuh marang pelajaran lan ora mikirake urusan cinta. Amarga gara-gara cinta bisa ngajurake masa depan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar