Kamis, 12 November 2015

Ukara Tanduk


UKARA TANDUK LAN UKARA TANGGAP
1. Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere (Subyek) nglakoake pakaryan.
Tuladha :
- Ibu tindak dhateng Banyumas
- Bapak maos koran
- Eyang nembe siram
- Adhik mangan anggur
Ing ukara tanduk, biasane wasesane nganggo ater-ater hanuswara. Kang kalebu ater-ater hanuswara kui -an, am, any, lan ang . Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater hanuswara uga lumrah mratelakake tembung “tanduk” (aktif).
Tuladha :
am + pacul ----> macul, (p luluh), tegese nindakake pegaweyan kang migunaake pacul
an + tulis ----> nulis ( t luluh ) , tegese nindakake pegaweyan kang ngasilake tulisan
any + sapu ----> nyapu ( s luluh ), tegese nindakake pegaweyan kang migunaake sapu
ang + arit ----> ngarit , tegese nindakake pegaweyan kang migunaake arit
2. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere(subyek) dikenani pakaryan
Tuladha :
– Kembange dipethik simbah
- Jeruke dipangan adik
- Pelem dijupuk Shasa
- Teh diunjuk Pakdhe
Yen ing ukara tanduk wasesane nganggo ater-ater hanuswara, ing ukara tanggap ater-ater kang digunakake ater-ater tripurusa. Ater-ater tripurusa kuwi ana 3, yaiku tak, ko, lan di. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater hanuswara. Beda karo ater-ater hanuswara, ater-ater tripurusa mratelake tembung “tanggap” (pasif).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar