Rabu, 04 November 2015

Sinau Wawancara Bahasa Jawa

Wawancara

Wawancara salah satunggalipun wujud pedamelan basa kanthi cara maringi pitakonan-pitakonan dhumateng “narasumber” kangge pados pangertosan utawi “informasi”. Wawancara pados informasi saking narasumber . Wawan pandikan kalih narasumber kedah nggatosaken tata krama utawi ungah-ungguh basa lan solah bawa.

Ingkang kedah dipun gatosaken saderengipun nglampahi wawan pangandikan:

1.    Memtokaken tema wawan pangandikan
2.    Memtokaken tujuan
3.      Nyiapaken pitakon
4.      Nemtokaken sinten nara sumberipun
5.      Damel perjanjen
6.      Nyiapaken cathetan

Ingkang kedah dipun gatosaken salamipun nglampahi wawan pangandikan:

1.      Miwiti wawan rembag
2.      Migunakaken basa ingkang sopan
3.      Paningalipun tumuju dumateng narasumber
4.      Ampun paring pitakonan ingkang namung wangsulanipun “inggih menapa boten”
5.      Mungkasi wawan rembag

Unggah-ungguh wawan pangandikan:

1.      Dumungi wonten ing papan panggenan kathi pas kalih wekdal ingkang dipun janjekaken
2.      Panggonane sopan lan rapi
3.      Paring kawigatosan kathi temen-temen
4.      Kedah pinter ngringkes wangsulan saking narasumber
5.      Wangsulan ingkang dipun nyatakaken “off the record”

Wawan pangandikan nemika perludipun lapuraken, urut-urutan kangge damel palapuran inggih menika mekanten:

1.      Judul
2.      Tujuan wawancara
3.      Titi mangsa
4.      Papan panggonan
5.      Narasumber
6.      Asilipun wawancara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar